Tak Tunggu
Ndhok..
Sawangen gegana kae
Jembare tan kena dicawe
Mendung kang mentiung
Uga sriti kang ngelayung
Nanging Ndhok..
Yen sliramu nyawang gegana
Opo ana wewayangku kang kesawang netra
Ngelengake crita jaman semono
Nalikaning nandang branta
Gendhok ayu..
Pepujanku..
Kang jumeneng ing pucuing bumi
Amung panyuwunku marang Gusti
Muga sliramu tansah wigati
Najanta sliramu wus mukti
Ndhok..
Tak tunggu tekamu ing ngisore payung
Sinambi nggondeli ati kang ngelayung
Tak kanthi lumakumu tekan ngendi
Amung dongaku bisa ngancani