Suwung

Mbulane sing ndadhari
Tak sawang
Kanthi ngelus ati

Suwunging ratri
Ora bedha karo ati iki
Ambyoring lintang lintang
Among bisa tak sawang
Semono uga sliramu
Kang manggon ing awang awang
Wondene anggayuh lintang
Nyandeng sliramu
Podho wae golek wirang
Jumenengmu ing kraton
Yen aku among tukang angon

Pancen wes dadi lelakonku
Najanta tulus atiku
Nanging olo pasuryaku
Manungsa biso opo
Iku kabeh saking Kuwoso
Yen legowo bakal mulyo
Yaa mengkono iku,
Unine wong sudro

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses