Sumeleh
Jeng,
Aku wos sumeleh,
tumprap sekabehing katresnanmu
kang arupa semu
Yen among semene,
lelakon katresnanmu marang aku
Pungkasane,
bakal natoni ati
Jeng, apa sliramu mangerteni,
suarane ati
Pepinginku tansah sumanding
Ngancani lalakumu,
nganti tumekaning pati
Lan tansah wigati,
rina kelawan wengi
Jeng,
Aku tansah nededongo
Muga biso bali koyo jaman semono,
nalikaning sliramu tak kanthi
ananging Jeng,
Manungsa biso opo
Yen Gusti wus sinerat liya
Ehmm,
Jeng, dongo lan pangestumu wae,
kang mili kanggo aku
Supaya biso mbanjiri cupeting ati lan pikirku,
mergo tresnamu kangĀ semu
Wis jeng, aku pamit
Nyumelehake isining ati
Becik njembarake dhadha