Pungkasan
Opo iki seng arane ndonya
Opo opo sarwa bandha
Ora ono manungsa kang legawa
Narima ing pandum
Najan ta manung sa gandum
Duh Gusti..
Kang paring welas
Punapa jaman sampun ing pungkas
Sedaya sarwa bebas
Tan ono kang saras
Gusti..
Ananging kawula,
Jumangkah ing jaman punika
Punapa saget mboten andedonya
Menawi mboten ndedonya katon rekasa
Kamangka..
Amung Panjenengan Gusti
Ingkag saget nuntun
Supados kawula mboten wutun
Jumangkah ing oro oro,
taksih dowo
KantHi ati lilo legowo
Saget mbeto ing suwargo
Mugi Gusti paring pangapura