Pepadang
Udhan riwis-riwis ing wengi kang atis
agawe kahanan ati giris,
amargo ora biso nggayuh pepadang
Wondene padhange rembulan,
katutup caketing pedhut
Hidayah saking Gusti
ora biso mili,
kalingan rasa dumeh ing ati
Duh Gusti,
kang angratoni langit kelawan bumi
Kang kuwaos tumprap jagat kang jembar
Kang moho welas,
soho kang maha asih
Among dateng Panjenengan kawula anyuwun
Tumetesing rohmat kula anti-anti,
kagem nyuceni dumehing ati
Supados saget ningali pepadanging dalan,
kang wos sinerat ing kitab suci