Ndhang Balio
Atising wegi sumrusuk ing raga
Tanpo lintang gumantung ing gegana
Riwis-riwis bayuning ratri..
Anggowo sekar arum melathi
Tansah taksawang sireping angkasa
Sinambi ndhedhepi sliramu kasaput netra
Sliramu kang sesingetan…
Ing sakwalike aruming menyan..
Takkudhang kanti sabdha mantra
Takcawisi sekar arum sapta warna
Takgayuh sliramu nganggo pusaka,
Ajimat sekti anggonmu bali..
Duh Sekar Melathi…
Ndhang balio sliramu kang muksa
Ojo ngodha sukma jalma manungsa
Ing kene pusaka nginanthi anggonmu teko…