Melathi Putih

Melathi Putih
Arum gandamu, sumrusuk jroning atiku
Endah rupamu, agawe sulaping netra

Duh Melathi Putih
Kang mekar ing bumi pertiwi
Najanta saiki sekarmu alum,
ananging gandamu tansah arum

Ganda kang wangi
Kagowo angin kang sepi,
Lumaku ing tengah wengi
Mampir jroning lena ing wengi,
putra lan putri bangsa kang lagi ngimpi

Sekarmu kang kagawa banyu mili turut kali
Nganti datan katon kasaput caketing pedhut
Ora bisa netraku nyawang endahmu
Ananging tansah tak arep-arep
Sekar melathi bakal bali
Tumeka bebarengan njedusing surya
Kang bisa madhangi jagad bumi pertiwi

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses