Kasmaran
Saya suwe tansaya adoh
Nganti ora bias tak sawang,
pasuryamu sing kagawa angin sore
Lingsiring surya ninggalake sepi,
tanpa kawigatenmu saiki
Duh cah ayu,
Amung pangarep-arepku,
Muga petenging wengi krungu suaraku
Aku pingin lintang alihan kae
Nggowo wewayangmu jronimg impenku
Sadawaning wengi iki,
aku pengen ketemu sliramu
Najanto among ing ngimpi,
ananging biso kanggo nambani kangenku
Ora kerasa, srengenge wos mletek ing wetan
Ananging,
angeting srengenge isih kalah,
karo angeting esemu ing ngimpi
Biru langit mayungi lakuku
Mendung kang kagarit rarasmu,
agawe tentrem atiku
Nalika aku lagi ngayahi kwajibanku
Duh cah ayu,
Bakal tak anti-anti tekamu ing ngimpiku