Dalan
Lintang lintang sing alihan
Kancanono aku ing sadawane dalan
Peteng dhedhet tanpa lelimengan
Padhangono nganggo suryamu kang sliweran
Angin wengi sing ngelus ati
Gawanen rasa kangen iki
Supaya aku ora bali
Merga tekat wus tak kanthi
Duh Rembulan…
Kang madangi dalan
Ilangono Pedhut kang cecaketan
Nutupi ati iki nganggo kedunyan
Supaya aku bisa tekan tujuan…