Angin Kangen

Angin kota Ngayogyakarto
Atis sumrusuk ing rogo
Silire ngelus polahing ati
Agawe kangen sansaya ketali

Duh angin…
Mabura mangetan
Ing kutho anggonku tekan
Gawanen rasa kang wus ra karuan iki
Amarga banget anggone nggodha ati

Angin..
Sak wuse anggonmu teko
Kandhanono marang keluarga
Yen kangen iki tan ono tombo
kejaba…
Dongo lan pangestu Ibu
Lila legawa saking Rama
Muga tansah kasuwun kagem kula

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses