Ndoro
INDONESIA
kudu elINg ing nDONya
amung SakedhepIng mAta
Liraping bandha kang semu
Bisa ngrusak pakertimu
Njur wasanane,
Ngreksa ing kawulamu
Duh.. Ndoro..
Kang jumeneng ing singgasana
Ilingo..dawuhing rama
Becik ketitik, olo ketara
Amung pandongaku wae
Keparingo kadigdayan kang kuwawa,
Ngemban bangsa lan nagara
Luwih-luwih rakyat bakal mulya