Katresnan

Yen tak rasakke,
saya sesek jroning dhadha
Ananging kepriye maneh
Pancen iki wes lelakone

Lelakon tresno sing kudu nelongso
Njogo utuhing tresno,
najan ta ngremuk dhadha

Sliramu seng neng kono
Opa ta krungu suwaraku?
Opo ngerti kahanan ati iki?
Rina klawan wengi,
tansah nadah marang Gusti
Anyuwun keslametan kanggo sliramu
Muga lancer lumakumu,
Dongo lan pangestu,
Kanggo sliramu

Ananging…
sia-sia
Sumpah katresnanmu,
Mabur di gawa angin
Saya suwe saya adoh,
koyo adohing samudro,
seng misahke sliramu marang aku

Ra liya,
Sliramu sulap gemerlaping ndonya
pungkasane saiki karo wong liya

Saiki aku among biso sumeleh
Njogo utuhing katresnan,
najanto sliramu wes duwekke liyan

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses